Kumpulan contoh Artikel Bahasa Jawa Berbagai Tema Kebudayaan dan Pendidikan untuk Tugas Sekolah

- 9 Agustus 2022, 06:05 WIB
Ilustrasi artikel bahasa Jawa.
Ilustrasi artikel bahasa Jawa. /Pixabay/Engin_Akyurt/

Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu. 

Baca Juga: Link Pengumuman Jalur Mandiri USU 2022: Cek Daftar Nama Lolos Universitas Sumatera Utara di Sini

Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa.

Sakteruse dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah.

Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.

Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber.

Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber.

Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam.

Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu.

Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.

Halaman:

Editor: Kiki

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x