SERANG NEWS - Simak berikut ini kumpulan contoh artikel bahasa Jawa berbagai tema mulai dari kebudayaan dan pendidikan.
Kumpulan contoh artikel bahasa Jawa ini sangat cocok sebagai referensi untuk tugas para siswa atau pelajar di sekolah.
Bagi para siswa atau pelajar yang sedang mencari referensi contoh artikel bahasa Jawa bisa simak artikel ini hingga tuntas.
Dikutip dari berbagai sumber berikut ini kami sajikan contoh artikel bahasa Jawa untuk tugas sekolah.
1. Contoh artikel Jawa Sejarah Wayang
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha.
Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa.