Contoh Sambutan Pidato Bahasa Jawa Singkat Padat Tentang Maulid Nabi

- 3 Oktober 2022, 17:39 WIB
Ilustrasi contoh pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi.
Ilustrasi contoh pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi. /Pixabay.com

Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin

Tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipu

“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”

Baca Juga: 2 Contoh Biantara Bahasa Sunda Tema Maulid Nabi, Mudah dan Singkat, Cocok untuk Referensi Tugas Sekolah

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah.

Kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan.

Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo?

Baca Juga: Contoh Pidato atau Ceramah Bahasa Jawa Tema Maulid Nabi Muhammad SAW, Mudah dan Singkat

Halaman:

Editor: Ken Supriyono

Sumber: Play Store


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x