Contoh Pidato Maulid Nabi Muhammad SAW dengan Bahasa Jawa, Teks Sambutan Cocok untuk Referensi

- 1 Oktober 2022, 11:49 WIB
Ilustrasi Pidato
Ilustrasi Pidato /pixabay.com

Salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa'at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo! Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno.

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Kesehatan yang Cocok untuk Siswa Sekolah SD sampai SMA Sederajat

Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipu "Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung" Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo! Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun maklum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sakderengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan.

Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Baca Juga: Contoh Teks Editorial Bertema Lingkungan Paling Terbaru dan Mudah Dipahami Pelajaran Bahasa Indonesia

Pancene menawi dipun maknani, "maen" niku maknane "maunya enak", tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi "judi", maknane "sing maju dadi", dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi "kertu" "duit ning sengker dadi metu" asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi "remi" maknane "njareme lami" tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد Ingkang Artosipun "Sak temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti"

Halaman:

Editor: Masykur Ridlo

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x