Contoh Teks Pidato Pendidikan Budi Pekerti Bahasa Jawa untuk Referensi Tugas Sekolah dan Guru

- 28 September 2022, 09:34 WIB
Ilustrasi contoh teks pidato pendidikan budi pekerti.
Ilustrasi contoh teks pidato pendidikan budi pekerti. /Dok. Kemendikbud/

SERANG NEWS – Contoh pidato tema pendidikan budi pekerti Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi bagi tugas siswa sekolah dan guru.

Pidato Bahasa Jawa bertema pendidikan budi pekerti mencakup pesan-pesan moral yang sangat baik diterapkan dalam kehidupan sehari-hari.

Apalagi, pendidikan budi pekerti menjadi elemen dasar membangun generasi muda di masa depan.

Baca Juga: Cocok untuk Pidato Guru ke Siswa, Ini Dua Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan dan Budi Pekerti

Contoh pidato Bahasa Jawa tentang budi pekerti ini bisa disampaikan saat pengarahan upacara bendera atau hari-hari penting di sekolah.

Pesan dalam pidato ini sangat menjunjung tinggi nilai budi pekerti yang menjadi modal penting bagi setiap siswa.

Karena ini sekadar contoh pidato atau referensi, guru dapat mengembangkan pidato Bahasa Jawa tersebut sesuai kebutuhan dan kondisi yang ada di sekolah dan siswanya.

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Kesehatan yang Cocok untuk Siswa Sekolah SD sampai SMA Sederajat

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Budi Pekerti

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Sederenge kulo matur, monggo kito sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Allah murbo ing dumadi. Wondene ing wekdal meniko kito tasih saged ngraosaken endahing iman soho Islam.

Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wassalam ingkang sampun nedahaken kito margi ingkang leres.

Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kinurmatan, Kulo bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kito sami saged ngangsu kawruh babagan budi pekerti ingkang luhur.

Baca Juga: Contoh Pidato Persuasif Bahasa Indonesia Tema Bahaya Merokok dan Pengaruh Internet terhadap Remaja

Agami Islam mrehatosaken sanget babagan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wasalam kautus wonten ing alam dunyo supados nyempurnaaken budi pekerti. Kasebat woten ing kitab suci Alqur’an; Wainnaka la’alaa khuluqin adziim.

Ingkang artosipun mekaten: saktemene jeroning tindak tanduk rosululoh niku wonten budi pekerti ingkang luhur.

Ugi dipun jelasaken wonten ing sabdanipun Rasululloh sollohu ‘alaihi wassalam ingkang suraosipun; Innama buistu liutammima makarimal akhlaq.

Artosipun kirang langkung, saktemene ingsun dipun utus kagem nyempurnaaken budi pekerti.

Baca Juga: 3 Contoh Teks Pidato Persuasif Kelas 9 Bahasa Indonesia Mudah Dipahamai dan Singkat Berbagai Tema

Dados sampun cetha wela-wela, bilih tiyang islam kedah nggadahi budi pekerti ingkang luhur.

Budi pekerti ingkang luhur inggih meniko sedoyo tindak tanduk ingkang sae, ingkang natrapi paugeranipun agami islam.

Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih meniko kito kedah nggadahi andap asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh.

Umpaminipun unggah-ungguh murid kaliyan Bapak soho Ibu guru.

Ugi unggah ungguh dumateng tiyang sepuh kekalih, poro tonggo, lan sedoyo tiyang sanes. Mboten kesupen kaliyan poro mitro soho konco.

Menawi kito saged mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedoyo papan soho panggenan, kito saged gesang guyup rukun toto tentrem karto raharjo.

Bapak/Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kulo tresnani, Kulo kinten atur kulo cekap semanten.

Mbok bilih wonten atur kulo ingkang mboten mranani wonten penggalihipun panjenengan sami, kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Demikian contoh pidato Bahasa Jawa tentang budi pekerti yang bisa menjadi referensi bagi guru saat memberikan pengarahan kepada siswanya di sekolah.***

Editor: Ken Supriyono


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x