Contoh Teks Pidato Pendidikan Budi Pekerti Bahasa Jawa untuk Referensi Tugas Sekolah dan Guru

- 28 September 2022, 09:34 WIB
Ilustrasi contoh teks pidato pendidikan budi pekerti.
Ilustrasi contoh teks pidato pendidikan budi pekerti. /Dok. Kemendikbud/

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Sederenge kulo matur, monggo kito sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Allah murbo ing dumadi. Wondene ing wekdal meniko kito tasih saged ngraosaken endahing iman soho Islam.

Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wassalam ingkang sampun nedahaken kito margi ingkang leres.

Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kinurmatan, Kulo bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kito sami saged ngangsu kawruh babagan budi pekerti ingkang luhur.

Baca Juga: Contoh Pidato Persuasif Bahasa Indonesia Tema Bahaya Merokok dan Pengaruh Internet terhadap Remaja

Agami Islam mrehatosaken sanget babagan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wasalam kautus wonten ing alam dunyo supados nyempurnaaken budi pekerti. Kasebat woten ing kitab suci Alqur’an; Wainnaka la’alaa khuluqin adziim.

Ingkang artosipun mekaten: saktemene jeroning tindak tanduk rosululoh niku wonten budi pekerti ingkang luhur.

Ugi dipun jelasaken wonten ing sabdanipun Rasululloh sollohu ‘alaihi wassalam ingkang suraosipun; Innama buistu liutammima makarimal akhlaq.

Artosipun kirang langkung, saktemene ingsun dipun utus kagem nyempurnaaken budi pekerti.

Baca Juga: 3 Contoh Teks Pidato Persuasif Kelas 9 Bahasa Indonesia Mudah Dipahamai dan Singkat Berbagai Tema

Halaman:

Editor: Ken Supriyono


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x