Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Kesehatan yang Cocok untuk Siswa Sekolah SD sampai SMA Sederajat

- 27 September 2022, 10:11 WIB
Ilustrasi pidato Bahasa Jawa tentang kesehatan untuk pelajar sekolah dasar.
Ilustrasi pidato Bahasa Jawa tentang kesehatan untuk pelajar sekolah dasar. /Ken Supriyono/SerangNews.com/

Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.

Baca Juga: Contoh Pidato Persuasif Bahasa Indonesia Tema Bahaya Merokok dan Pengaruh Internet terhadap Remaja

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir, kanthi ucapan Allahhumma sholli ala syaidina Muhammad wa ala ali syaidina Muhammad.

Kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya.

Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera.

Baca Juga: 2 Contoh Pidato Persuasif Bahasa Indonesia, Tema Bahaya Narkoba dan Kesehatan

Njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman.

Halaman:

Editor: Ken Supriyono


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x