Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Porsenitas, Singkat dan Mudah, Cocok untuk Memperingati Hari Olahraga Nasional

- 9 September 2022, 17:33 WIB
Ilustrasi pidato atau ceramah
Ilustrasi pidato atau ceramah /pexels.com.

Nuwun, Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru karyawan ingkang kula kurmati. Para kanca ingkang tansah kula tresnani.

Mangga sesarengan kita ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT awit saking rahmat saha barokahipun, kita saged makempal nindakaken adicara pembukaan lomba Porsenitas menika kathi wilujeng nir ing sambekala, ngantos dumugi paripurnaning acara Porsenitas, sageda lumampah kanthi sae, nggayuh lan mekaraken prestasi, tetandhingan kanthi jujur lan sportif.

Kula minangka wakil OSIS ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah, Bapak Ibu Guru lan karyawan ingkang sampun ndherek nyengkuyung ing acara dinten menika.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Persuasif Bahasa Indonesia Bertema Pengaruh Globalisasi, Cocok Buat Pelajar

Matur nuwun awit supaya bimbingan saha panyengkuyungipun Bapak/Ibu, saengga lomba Porsenitas menika saged kalampahan lan samangke saged lumampah mboten wonten alangan satunggal menapa.

Perlu kawuningan bilih Porsenitas menika minangka salah satunggaling sarana kangge mekaraken hobi lan bakatipun para siswa wonten ing babagan seni, olahraga lan ketrampilan.

Tuladhanipun hobi utawi bakat babagan nembang macapat, maos geguritan, ndamel kaligrafi aksara Jawi, nyanyi, nggambar, olahraga basket, tenis meja, voli, lan sanes-sanesipun. Pramila dhumateng para siswa sumangga ing Porsenitas menika sageda mujudaken hobi utawi bakatipun.

Baca Juga: 3 Contoh Biantara Bahasa Sunda Tema Keagamaan, Mudah dan Singkat, Cocok untuk Referensi Tugas

Ingkang menang utawi dados juwara samangke sampun lajeng pamer, gumedhe lajeng rumaos paling pinter tinimbang kanca sanesipun. Dene ingkang kalah ampun ngantos rumaos sakit ing manah, saengga lajeng mboten gadhah semangat kangge majeng tetandhingan malih.

Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten kalenggahanipun anggen kula matur, saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pepunten. Dhumateng para kanca kula aturaken sugeng tetandhingan, sugeng nggayuh prestasi, lan matur nuwun, awit kawigatosipun, Nuwun.

Halaman:

Editor: Masykur Ridlo


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah