2 Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tema Kemerdekaan, Cocok untuk HUT Kemerdekaan RI 17 Agustus 2022

10 Agustus 2022, 22:50 WIB
Ilustrasi 2 Contoh pidato bahasa Jawa. /Pexels/Pixabay

SERANG NEWS - Berikut ini 2 contoh teks pidato Bahasa Jawa singkat tema kemerdekaan untuk memperingati HUT Kemerdekaat RI 17 Agustus 2022.

Dalam peringatan HUT Kemerdekaan RI 17 Agustus 2022 nanti, akan banyak agenda/kegiatan yang dilakukan, salah satunya pidato.

Pidato ini dapat disampaikan ketika upacara atau pembukaan kegiatan untuk memperingati Kemerdekaan RI, baik dalam bahasa Indonesia maupun bahasa daerah.

Berikut adalah 2 contoh pidato Bahasa Jawa dengan tema Kemerdekaan untuk memperingati HUT Kemerdekaan RI 17 Agustus 2022. 

Baca Juga: 2 Contoh Biantara Bahasa Sunda Bertema Perpisahan Sekolah, Pidato Ucapan Terimakasih Kepada Guru

1. Tema Kemerdekaan

"Asssalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan.

Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka. 

Baca Juga: Contoh Biantara Sunda Singkat dan Paling Baru, Tema Kemerdekaan RI, Pidato Bahasa Sunda Dibawakan 17 Agustus

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb."

2. Kemerdekaan Hak Segala Bangsa

"Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur

Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. 

Baca Juga: Contoh Biantara Sunda Tema HUT RI Kemerdekaan Bangsa Indonesia, Ini Pidato Sunda untuk Belajar di Sekolah

Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.

Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah.

Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945.

Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.

Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih.

Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.

Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.

Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb."

Demikian 2 contoh teks pidato Bahasa Jawa tema kemerdekaan, semoga bermanfaat.***

Editor: Kiki

Tags

Terkini

Terpopuler